ASLI NGENES

by 22.50 4 komentar
HALU FANS!!





Postinganku neng kene bukan karepku nyindir i arek sing ndue pacar *padahal iyo* tapi dari pengalaman ku pas ndue pacar. *intine curcol*. eits, koen kabeh kudu percoyo lak aku mbiyen tau ndue pacar. KUDU! skipp.




Bicara tentang sing ndue pacar...

Woy ladies and gentleman mas-mas, embak-embak sing ngehits saiki ndue pacar ndue gendak an ndue gandengan ndue wong sing iso dijak malem mingguan gausah masang tampang sok bahagia reek. kadang hidup itu juga perlu kejujuran, langsung gak gawe basa-basi pret kampret. sebagian besar arek pacaran kan kudune wes kenal pribadi ne masing-masing, wes ngerti kegiatan opo sing disenengi satu sama lain, tapi opo o rek kalian iku gak iso saling nerimo, malah sing onok saling ngekang yooo lek sing lanang gak ngolehi sing wedok kudune yo gak ngolehi pisan, saling balas dendam, gaoleh kontekan mbe kene kono, salah sitik nesu, mutung, purek, akhir e dadi masalah gede yo contone ae ngene sing lanang seneng bal-bal an, sing wedok seneng dulinan gembot. sing lanang pamit bal-bal an gak oleh karo sing wedok polean sing wedok gak enek sing ngancani dulinan gembot. begitu sebalik e. sampe disms kancane dijak nyangkruk yo kakean alesan, sing lucu maneh ki yo onok pas di sms "bro ayo cangkruk. nobar pisan" trus dijawab "sek ojo sms sek, onok bojoku, wes gausah dibls" jangkriiiik ngekel duuusss beh ngalah-ngalahno rapat karo presiden njirr sampe gak iso diganggu belas *lusdodo* wes pokok e urep ki penuh aturan tok ngalah-ngalahno kentara pas lagi pendidikan! hadehhh. melek o rek mata mu penyebab hubunganmu kandas iki yowes koyok ngeneki gak iso los nglakoni opo sing disenengi pasanganmu. mbendino dulin e mbe pacar terus-terus an sampe dulin mbe konco gak enek waktu mbendino ketemu pacar terus ending e opo? yo bosen. lak wes bosen trus tukaran mari ngono pegat. wes kandas, galau moro ne neng sopo? YO KONCO!

kebanyakan dari kita yo rek. *ha? kita?* No. kebanyakan dari kalian sing ndue pacar suwe pasti ngerti kabeh elek apik e pasangan mu bahkan dalam hal sing njijik i dan malah gawe kowe tambah cinta setia moh kehilangan sekalipun ngerti yo contone pacarmu ngentutan mambu batang sing iso mematikan sampe turu ne ngorok ngiler-ngiler koyok air terjun gak tanggung-tanggung pasti koen kabeh ngerti. tapi rek opo o kok pacarmu iku mbo kekang? ha? iku malah dadi momok besar kandas e hubunganmu, soal e opo yo mergo uwong iku semakin dikekang semakin liar. dalam arti yo semakin mbo atur semakin berontak dibelakang maksud e semakin mbok kongkon ngene ngono semakin *kampret mbulet curr* wes pokok intine semakin mbo kekang pasangan mu bakal nyoba-nyoba mbujuk i koen demi kesenangan e. sekali wani mbujuk dan iku akan seterus e bakal sering mbujuk, koen gelem dibujuk i terus-terus an ha? iyo lak mbujuk e mek masalah cilik, lak mbujuk e masalah gede dadi e koen diselingkuhi yaopo ? modar kowe!

Salah paham karo egois. pemicu utama sing gawe hubungan kalian rentan. *ngakuo, wes gausa isin, aku ngerti* kalian sing wes ngroso dewasa pacarane suwehat aman tentram adem ayem pasti lak wes kenek an salah paham karo kelakuanmu sing egois iku kumat bakal dadi tragedi terbesar sepanjang masa, salah paham iso dadi saling menyalahkan, dikirone gak ngaku padahal ora nglakoni, dikongkon jujur bingung sing di jujuri opo, egois iku gak enek sing ngalah pengen menang e dewe, masalah gak mari - mari akhir e tukaran maneh. mikir o rek sebelum bertindak sebelum nuduh iku kudu ndue bukti yang kuat. iyo aku ngerti koen iku sayang mbe pacarmu dan gak gelem kehilangan tapi USED YOUR BRAIN. gawenen utekmu iku gawe miker ojo sing dipiker mek mbokep tok. jadi intine opo-opo kudu dipikir sebelum menuduh yang bukan-bukan *wenak*

Sering-sering e kakean masalah tak kunjung berakhir ending e sing dirasakno yo bosen, bosen males ketemu malah ndue pikiran ketemu o yo disalah-salahno tok. opo bosen mergo ilfeel mbe sikap sifat e sing gawe atimu gak srek. tau ngroso ngene gak? YOH! heh reeek tak omongi, asline penyebab kalian bosen iku yo opo-opo sing dilakoni mbe pasanganmu iku yo mek iku-iku ae conto simple e sms an bbm an chattingan tiap jam mbendino mek ngono-ngono wi tok "udah maem belom beib, jangan telat maem ngko sakit lho beb, lak kamu sakit sing nyakitin aku sopo beb" nah modyarrr.heh sadar o reeek sadar o, coba golek o hal sing baru, upgrade en hubunganmu, pacaran terlalu serius iki yo gawe bosen juga, dadi ojok serius-serius nemen talah, selingono karo guyon, gojekan, ndagelan, cek iso guyu, gausah sok romantis, romantis ki yo onok takarane reeek. ojo alay lah intine pacaran ki, pengen ngerti pacaran sing alay iki koyok opo? ngene "bebi pokoknya jaga kesehatanmu ya, jangan sampe sakit, aku emoh bebi lak kamu sakit mending aku mati ae bebi" helo bos iku omongan taek roso opo bos kok pengen ngerti aku -__- sing koyok ngono iku malah sing gilani serius. yo sih mungkin karakter orang beda-beda tapi yo ojo uwalay ngono pisan njirrr *muntah*

gawe kalian cek hubungan tetep langgeng intine saling terbuka o rek, gausah ngekang-ngekang an, masalah cilik ojok digede-gedekno, saling percoyo tapi yo ojo terlalu percoyo digobloki kapok koen, nyoba hal sing baru, aku ngerti sing kalian rasakno saiki *terutama sing wes pacaran mayan suwe* kalian iku yo ndue kehidupan masing-masing rek, sak setia-setia ne arek pacaran iku yo kudu iso mentolerir *bahasa abot gan* kegiatan pasangan e masing-masing. ojo dadi arek sing mek iso diperbudak pasangan. koen iku kudu teges! mungkin tulisanku gak patio penting gawe koen kabeh tapi aku mek ngandani wes masio aku jomblo ngomong koyok ngeneki soal e wes pengalaman dadi lak gelem yo pelajarono lak gak gelem yowes gawenen wawasan ae bahwa cinta itu saling melengkapi tidak untuk saling menjatuhkan. tulung rek njaluk tepuk tangan e rek, tepuk tangan buat saya *macak teges*





NITA A SARI

Developer

Monggo komen .

4 komentar: