JOMBLO VAN JAVA!

by 19.34 5 komentar
HALU FANS!!!!!!!!!!

tudepoin wae bro langsung!

"JOMBLO"

Sing jomblo pasti wes ngroso lak jati diri ne katene di kuak secara tajam setajam silet *silet sing tajem bro, duk silet sing ning ngisor geger lho mblo jo salah moco*

Jomblo. beribu bahasa satu makna. kon jelas gak asing lah karo sing jenenge jomblo, wong sing "urung" diwenehi pasangan karo gusti Allah. tapi disisi lain e akeh sing nganggep jomblo iku reno-reno. yo sering-sering e sih akeh sing ngomong jomblo iku ngenes lah, jomblo iku gak payu lah, jomblo iku kakean pileh-pileh pasangan lah, WOY gaes. melek o matamu gaes. golek pasangan ki kudu harus wajib milih-milih. dipilah sak njobo njerone *ojo ndue pikiran mbokep kon bro* maksud e njobo njerone iku di selidiki sek sikap sifat kelakuane, cek kon gak nyesel neng mburi. lak ketepak an intuk parase biagus tur mbois pantes diajak kondangan neng acarane mantan pas rabi anggep ae iku bonus.

Tiap wong pasti pernah ngrasakno jomblo. gak mungkin kan kon jek bayi cenger langsung ndue pacar, gak mungkin kan kon jek ngelap umbel ae iwuh langsung dirabi uwong?? yo mustahil reeek. opo maneh pas kon wes pantes ndue pacar, sekitar lingkunganmu wes ngerti jengene lanangan bagus wedok an semok dan isok ngintukno iku kabeh, tiap nggon nontoni arek gandengan dan kon gak gelem kalah inisiatip gandengi tanganmu dewe koyok wong pekok. tiap sliweran neng ndalan kon nguwasi arek kamplok-kamplok an dan kon dewe mek dikamplok i angin sampe masuk angin gegermu full kerok ane mak mu. iku urung ketambahan bonus meme-meme gaplek i tekan sosial media opo langsung teko lambene kancamu, "..piye jomblo? sehat?" | "jomblo ojo lali ngumbe vitamin lho mblo, pura-pura bahagia ki yo butuh energi" | "percuma macak, yo gak enek sing digandeng ae kok mblo" bla bla blaaaa. cuk deh kalian sing muni ngene pancen helaww banget *dunanges asline* trus lak awakdewe wes diskak ngene kon isok opo mblo? mek isok ngelus dodo pasrah mlayu neng tengah sawah nunggu disamber gluduk/petir/gledek/sengatan listrik ampuh, ngono a? iyo a? duh mblo mblo wong gluduk ae arep nyamber koen jek mikir-mikir, malah ngerti lak onok kon neng tengah sawah kono gluduk e nyimpang gak sido nyamber. *njir ngenes bgt iki*
Jomblo iku paling was-was lak neng acara resmi koyok acara keluarga opo reunian konco lawas. wes teko gak gowo gandengan ngono jek mentolo onok sing takon "kapan rabi bro?" | "ndi rek iki pasangane disingitno ae rek" dohhh jomblo paling jublek budrek ambyar utek e lak wes diskakmat pertanyaan koyok ngeneki, opo maneh jek onok sing tego takon "ndi anakmu gak mok jak a?" lha matane a. teko ae raonok sing gandeng ngene jek tego ditakoni ndi anak mu, lha gawe anak iso o digawe soko tepung terigu tak gowo bra eh bro -_- hasasaah wes jo dibahas sing anak-anak. skipp

BTW mbloo, jane onok sebab-sebab e sih sing gawe predikat  jomblo tetep bertahan sampe manula yaa conto kecil e terlalu mileh sing sempurna, gawe dulinan atine arek sing nyoba nyedak i. kakean ngode. sayangmu manggon neng ndi-ndi. galau terus-terusan mikirno masa lalu *nyritakno awak e dewe*. lak ngene terus carane kapan urepmu upgrade reeek? kapan koen ndue pasangan? cobak en talah buka o atimu sitik ae gawe arek. tapi yo ojok terlalu singkat nemen lak pdkt ngko dadine nyesel maneh. trus putus jomblo galau maneh ngono terus sampe bon jovi pindah genre dadi nyinden karo geng e Ki Mantep CS  -_-

Well, mereka-mereka sing kemanggak kementus sing ndue pacar gawene ngece ni arek jomblo iku asline yo gak sebahagia film barbie reeek. ogaaak. mereka ki yo ndue problem dewe cuman mereka pinter ae acting pura-pura bahagia cek ketok romantis terus ben si jomblo iki ngingeti ngowoh karo ngiler-ngiler. ben si jomblo iki tambah nguwenes urep e. hih aku sudah tau akal busuk mereka *masang tampang songong*
tiap arek iki diuji karo gusti Allah. tiap arek ndue cobaan. anggep ae cobaan dalam predikat 'jomblo' iki koen di kongkon golek sing luweh apik maneh soko sing ndisek, golek sing terbuwaik pol soko sing lalu. kon di pisahno karo sing lawas iku yo Gusti Allah onok tujuane. Gusti Allah mek gak pengen kon dilarani terus-terus an, makane ket awal kon dikongkon ngadoh dengan cara ngejur atimu. diambil sisi positip e lah. ojok nonton pas bahagia ne arek liyo, gak onok entek e reeek. delok en iku kaum LDR para pejuang tangguh nglawan jarak karo waktu. neng ndi-ndi nyekeli hengpon e terus. sampek pas ngeseng yo digowo. ben balesi sms opo telpun pacare sing adoh nggone cepet. lak dibalesi suwe wedi dadi masalah, dituduhi reno-reno dikiro selingkuh, tukaran tok, akhir e ambyar terus kendat. iku mek masalah ngeseng sampe di gawe gede. soro reeek soro! koen sing dadi jomblo kudune bahagia urepmu free tanpa kekangan tanpa paksaan tanpa godaan mesum. dolan mbe sopo ae BEBAS. mangan mbe opo ae sak karepmu gak onok sing nglarang bah kon mangan eseng-eseng genteng, bah kon mangan oblok-oblok boto bebas! ojo wedi gak onok konco dulin. kaum jomblo sing senasib yo akeh. ojo kuwatir gak onok sing ngejak i smsan bbman asline meneng-meneng masio prejenganmu koyok sendal pedot gak tau diramut keterak banjir yo tetep yakino lak onok sing mengaggumi secara rahasia *menghibur jomblo manula*

Oke rek kaum jomblo-jomblo kharismatik ojo ngetokno lak koen jones karatan. aku percoyo lak koen kabeh iku bukane gak payu tapi jek golek sing pass. gak koen tok masio aku yo iyo. jadi intine golek pasangan ojo grusa-grusu dimantepno atine sek. kon gak iwuh a bolak-balek ganti-ganti pasangan ngonoiku gak kesel a nanggepi sing gak penting kabeh mbo trimo ae tanpo pikir panjang. oh opo pengen di cap playboy kadalan pacare akeh?? hmmm. malah koyok gigolo rek *alussss* eleng rek kon duk raja sing sak enak udelmu iso golek selir. kon duk ketua gangster sing mben jam mben dino iso ganti pasangan. iyo lak kon koyok mereka ngono masio akeh pasangan yo iso ngopeni anak bojo kedepane. lha kon sing arek duek jajan jek ngatong mak lak gak dikek i gulung ngarep omah sampe klambi nggedibal awu kabeh kate golek pacar akeh. urung lak koen digobloki pacarmu tuku ngene ngono. ajur koen! hih rumangsamu po penak? yo penaaak *lho piye to ki* -_- wes saiki lak rumongso wes genah lanangan wes genah wedok an kudune iso mikir sing terbaik gawe kon iku sing dapurane yaopo, iso nuntun kedepane ora *lha dipiker buta bos*  Gusti Allah nyiptakno menungso iku berpasang-pasangan jangan kan menungso sandal ae ndue gandengane, sepatu, trek gandeng, opo maneh sing makhluk paling sempurna dari segala makhluk yo iku menungso. dadi gawe mas-mas  mbak-mbak sing jomblo kabeh yaa, tak omongi ojo wedi lak dadi joko tuwek ojo wedi dadi prawan tuwek. jodomu jek dijajal uwong. eh maksud ku jek disimpen. sabar ae nunggu waktu mboh nganti kapan sabar o *ngiwangi ngelus dodo*


NB: bukan maksud hati dan cangkem hayati mbacot terlalu kasar, iki gawe ngakrabi koen kabeh cuk :* btw aku termasuk kaum didalam pembahasan -_-

NITA A SARI

Developer

Monggo komen .

5 komentar:

  1. Weduss sekali. Jomblo iku ga marai kiamat bos. Lingkungan ae sing ngecap jomblo iku koyo2 wong stratane paling hina nde sosialita. Fkkk

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wkwk kalem ndul main kalem. Jomblo iku kaum sing diagung kan ambe tuhan coy. Dihindarkan dari penjajahan haha

      Hapus
  2. Aku asline yo bingung kun. Sejak kapan muncul kata jomblo iku haha

    BalasHapus