GADGET JANC#K

by 19.30 3 komentar
Halu Fans!!!

Saiki awakdewe urep neng serba instan. dikongkon ngoyo sitik sambat, manas sitik ngersulo, njaluk e hasil sing mbois, dikek i hasil sing biasa ngomel nyocot sak nyocot-nyocot e!  flashback jaman tahun 90'an. sing lair neng tahun 90'an pasti wes ngrasakno bahagia puwol pas jaman cilik an (masio mbiyen pas cilik mikir e pengen ndang gede ae). moleh sekolah obak neker, obak singitan, benteng-bentengan, playon ngepung layangan karo ndas e dibuntel sempak, nyolong i telo neng sawah, adus neng bor sawah lak urung krungu adzan magrib sampek podo digolek i mak e dewe-dewe urung podo buyar *curhat* sumpah uwindah pol rek jaman ku mbiyen!! TAPI TAPI TAPIIII... jaman e saiki wes bedo bukan gara-gara negoro api nyerang. mergo semakin bertambahe jaman semakin akeh wong pinter gawe teknologi sing gawe awakdewe males dan gaiso ngrasakno jaman pas mben onok bulan purnama isok nglumpuk guyon tentrem ambek tonggo-tonggo. arek-arek cilik dulinan singitan, dakonan dkk. buwedo karo sing saiki arek cilik lak gak ditukokno hp yo moh budal sekolah rek. Yo aku setuju teknologi mempermudah awakdewe gawe melakukan kehidupan sehari-hari. dari segi lingkungan, sosial, pendidikan kabeh isok nambah wawasan khusus e bagi murid didik cek gak katrok *jere wong kota*. arek sekolah gausah repot-repot gowo buku uwakeh neng tas, cukup gowo leptop sak plesdis e ae wes iso sinau opo gowo tablet diisi quota full wes gak bingung, opomane saiki quota internet murah sing dodolan marak. gak koyok jaman ku mbiyen lagi nyekel sing jenenge gadget ae wes bangga. jangankan nyekel nontok i lho isok nggumun -_- *jasik kampungan banget aku neng kene*.

kene mas tak pacul e ndasmu
Gadget. sopo sing gandue gadget arek enom saiki rek?. kalungan liontin gak jaman, saiki jaman e kalungan hp. gak mesisan stik PS mbok gawe kalungan ta mbak mas? budal dolen macak mbois njaluk sangu pak e gak dikek i gulung nangis gebrak mejo lawang brak brok. dikek i sangu jek kurang maneh njaluk ditukokno gadget aipun cek koyok anak kekinian cek hpne iso digawe selfie neng koco jeding mall-mall trus lambang apel kroak e diketok-ketokno aplud kauwabeh. panganan difotoni sampe dirubung laler gak dipangan-pangan. ngeseng selfie aplud path "lagi ngeseng pagi nih". apik-apik an model gadget, lak gak apik gak dikancani soal e gak gaul. gak ngerteni pak mbok mu lak kerjo kemringet drodosan sampek teko silet silet mengalir deras ta nduk le?!! urep jaman saiki opo kudu ngono ta cuuuuuk?!! miker. ndue utek digawe. ojok mek digawe ndue-ndue nan tok. bangga o lak tuku barang apik gawe duitmu dewe yo jancuuuk *alusss

Gadget iku yoisok ngrubah segalane pisan! sing janjian e nyangkruk neng tongkrongan hitz saiki sing di dep yo gadget. alesane "mumpung onok wifi dilut ae yo" lha taek a. masane aku neng kene dianggep opo? asbak siso awu rokok? *curhat karo lepek kopi* onok maneh iki arek pacaran podo sibuk gadget an. kurang ta mbak mas waktu gawe gadget an pas neng omah gak ketemu? opo tangan mu gatel lak ra nggrepe gadget mu iku? wes talah reeek gadgetan iku onok waktu. wayae nyangkruk yo cangruk guyon sampek kepeseng. wayae kencan yo kencan sayang-sayangan neng nggon remang-remang *lho haha. (ojok ditiru dek, mek guyon dek) WAYAE GADGET AN yo pas lagi gak ketemu! wocoen cuk. GAK KETEMU! opo maneh paling mangkel karo warkop opo kafe sing onok free wifi *macak teges* (padahal aku dewe yo fakir quota) juwelas lak onok free wifi moto fokus neng hengpon e dewe-dewe masio onok tsunami gempa banjir bandang langit kelap-kelap bumi gonjang ganjeng gak bakalan direken, jerene sih "mumpung onok wifi dek" taek taek taeeeeek. rekenen aku sing butuh belaian iki kang mas *tampang mesum. astagfirullah nitong sadaro tulisanmu terlalu arogan cuk -_-

heh rek tak kandani. sing gawene aplud foto macak sok bahagia bareng bareng kanca-kancane iku nyatane gak sebahagia neng foto. kebanyakan, wong ketok care mek pas foto tok. mari poto yowes ngadep gadget e dewe. dan koen ending e tetep dikacangi sampek laler ae wes males ngrubung koen. opomaneh gawe kaum wedok yo sing ndue gaya khas menye sok akrab ngajak foto disetiap sudut tempat *neng bolongan nggon korah-korah kafe misal e* "shaaay yuk foto yuk foto yuk"  foto bolak bali, moto melilik mendukur karo lambe mencep nyepor-nyepor yaopo ngono koyok brutu pitek kate ngendok. foto diedit setengah mati sampek kemringet, dan dari sekian SEWU FOTO sing diaplud mek 2 paling akeh 3 lah. yakin aku sumpah! cepet-cepet ngaplud nunggu onok sing ngomen dari hasil edit kamera B612368949 *curhat akut*

Asline akeh sih rek tentang jancuk e gadget dimata anak yang gadget nya nggak secanggih mereka yang punya gadget lebih bagus haha. tapi yaopo yo, asline tanpa dipublish tanpa aku cerito yaopo jancuk e gadget gawe arek pun pasti kalian wes ngerti kabeh lah. setiap orang pasti tau kenek pembodohan gadget. wes lah reeek, oleh gadget an iku oleh. toh dampak positif e yo akeh iso browsing ndi-ndi isok download lagu, bokep, film, dkk tapi batesono gadgetan mu pas koe lagi ngumpul mbe konco-konco dulur-dulur pacar dsb. TERKHUSUS gawe gadget maniak!! aku ngerti rasane gak dianggep onok karo kanca-kancamu sing lagi sibuk nggrepe gadget e dewe-dewe. luworo reeeek lorooo (soal e hpne gaiso gawe browsing makane maleh nelongso yaopo ngono *nangisbatin) dadi please nggeh batesono gadget ane mas mbak korban authis hp. wes cukup sakmene wae lak ku nuturi plus publish tentang curhatane arek-arek *termasuk aku pisan*. mugi cepet sadar :)

NITA A SARI

Developer

Monggo komen .

3 komentar:

  1. Oke fix aku mandek tak gawe hape senter sing isok gawe smsan karo telp tok. Plus iso gawe alarm sing penting.

    BalasHapus
    Balasan
    1. oke fix sisan gawe kentongan opo sandi morse

      Hapus
  2. Hahaha... Boleh boleh. Seru-seru

    BalasHapus